Dino sloso mangan telo
Telo alit dudu telo rambatan
Pamitmu lungo arep kerjo
Golek dwit nyukupi kebutuhan
Jemuah legi sloso wage
Kulak'an lele soko bengawan
Nanging saiki opo nyatane
Ning kono kowe malah ngrabi prawan
Mlaku-mlaku nemu kikir
Kiker gede go ngukir kayu
Opo aku ora mbok pikir
Urip dewe ngurus bocah 7
Panen pete karo rambutan
Ketiban bluluk rasane pengap
Pancen kowe lanang mung aran
Bandamu man*k ora tanggung jawab.
Nyang Purwodadi tuku kemangi
Numpak jaran sangune madumongso
Dadi lamun ing wanci wengi
Yen awan atiku nelongso
Nugel wet koro nggawe graji
Dilemeki terpal karo ondo
Sliramu tego mring janji
Tego ninggal aku lungo
Golek tuak digawe jamu
Olehe sawut karo paku
Tak lilakne lungamu
nadyan abot jroning batinku
Menyan digowo nyang gunung Semeru
Ono kwali neng duwur buku
Snadyjn adoh padan dunungmu
Ojo nganti lali marang aku
0 komentar :
Posting Komentar