SRI HUNING
Sri huning mustiko tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang raden wiratmoyo
Kang wis prasojo hanambut branti
Sri huning daton ngrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putra niro
Ronggolawe adipati tuban
Sri huning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuk ing madyo logo
Duk prang tandhing lawan minakjinggo
Katresnane wiratmoyo
Tinampi dene roro sri huning
Senadyan wekasan niro
Prapteng lampus alabuh negoro
ILANG TANPO ARAN
Ndak lali ning endi paranmu,
Tekan suroboyo, nganti tulungagung
Ning pinggire kali brantas,
pesisir popoh lan prigi
Cidro ing janji, kapan anggonmu bali..
Ndak lali ning endi dunungmu,
Tekan gunung gudeg, nganti gunung semeru
Lan terus tak takonake,
marang ombak’e segoro
Ra ketemu, gawe atiku nelongso..
Kowe lungo, koyo’ dene embun isuk
Lan ugo koyo’, lintang yen awan
Ninggalake, awakku kang tanpo ruang
Blenes ilang, lan ninggal warto lan paran..
Gusti kang moho kuwoso,
paring sabar mring kawulo
Rino wengi, aku tansah ndedungo..
0 komentar :
Posting Komentar