KATRESNAN JATI
katresnan sejati iku mung ngayawara
Rama tegel merjaya Shinta ing pati obong
(mung kanggo bukti sihing tresna)
Yen ngono katresnan jati iku lelandhesan cubriya???dudu.... dudu....
kaca benggala sing salah
kaca benggala sing bubrahnanging ngapa isih kaanggep omah
kanggo ngeyup pepayung langit biru
kanggo lelumban ing samudra biru
marang jalma kang ketaman ati biru?katresnan jati iku kadya caritane lelembut
kerep den blabarake
angel den sunyataakekatresnan jati nora nyawang sendanging tirta
nyemplunga saraga jiwa...
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
0 komentar :
Posting Komentar